Guru Konseling

Critane Badrun ketrimo dadi guru konseling nang SD Negeri Kuwaron Gubug. Esuk iku Badrun sing wonge sok keminter, keliling sekolah karo ngamati kegiatan siswa-siwa SD kui mau. Ono sing lagi setinan, ono sing lompat tali, lan ono sing lagi maen bal-balan nang lapangan. Wektu ngamati siswa sing bal-balan badrun weruh salah siji siswa ono sing ngadek meneng wae karo ndeloki kanca-kancane maen bal-balan nang lapangan. Saknaliko jiwa konselinge Badrun muncul. Badrun banjur nyedaki lan nakoni bocah sing meneng wae mau.

Badrun : kenopo kowe nang kok meneng wae. Ora melu bal-balan kanca-kancamu?
Siswa   : (mung meneng wae karo tetep namatke kanca-kancane sing maen bal)
Badrun : Opo ora disanguni mbokmu?
Siswa   : Ora Pak (karo tetep ngematke)
Badrun : Opo biji Matematika mu elek?
Siswa   : Ora Pak (tetep ngadek ngematke kanca-kancane)
Badrun : Opo mau durung sarapan?
Siswa   : Ora Pak (tetep ngematke kanca-kancane sing lagi maen bal)
Badrun : Lha kenopo kok awit mau mung ngadek nang kene ora melu maen bal-balan mbe kanca-kancamu kae?
Siswa   : Duh, Gusti Pangeran. Paringano sabar...Aku ki kiper Pakkkk.... Yen q melu ngoyak-oyak bal mengko lakyo gol
Badrun : (langsung salto ping pitu)

Related Posts:

Durung Waras

Critane wektu kui Badrun lan Sarno dadi penghuni RSJ Pedurungan kota Semarang. Wong loro mau lagi ngobrol nang pinggir kolam sing ono njero RSJ.

Sarno   : Drun, kowe wis pirang tahun ono njero kene? (karo mancing ono pinggir kolam)
Badrun : 3 tahun No. Lha kowe wis pirang tahun?
Sarno   : 2,5 tahun. Opo kowe ora bosen nang kene Badrun? (karo narik-narik pancinge)
Badrun : Ora. Wong nang kene penak. Perawate ayu-ayu. Koyo Sariyem kae. Wis wonge ayu, rambute dowo, mlakune kimplah-kimplah, aku kayane tresno marang wonge No. (mbayangke karo mesam-mesem dewe)
Sarno  : Sariyem sing rambute kriting? kulite sawo bosok kae? Edan mesti kowe Drun. wong perawat sing ayu ae akeh mosok pilih Sariyem?
Badrun : Yen aku waras wis ora nang kene No (karo uthik-uthik upil)
Sarno   : Aku bosen Drun. aku arep bunuh diri wae. Aku meh nyemplung kolam kene (siap-siap mlumpat)
Badrun : Ojo No..

Byurrrrrrrrrrrrrrrrr. Sarno mlumpat nang kolam. saknaliko badrun langsung mlompat nulungi sarno.
 Jebule polah tingkahe wong loro kui mau dideloki karo dokter RSJ. Esuke liyane dino doktere manggil Badrun nang ruang dokter..

Dokter : Drun, aku duwe kabar seneng lan sedih kanggo kowe. Kowe pengen sing kabar ndi disik leh ku ngomong?
Badrun : Wah, kenopo dok? yo mesti sing seneng disik..
Dokter : Wingi kowe nulungi Sarno sing bunuh diri mlumpat kolam. Berarti iso tak simpulke yen kowe wis waras. Sesuk iso mulih soko RSJ kene.
Badrun : Tenane dok? Yen ngono aku tak siap-siap dok.
Dokter : (karo mbathin, wis waras tenan bocah iki)
Badrun  : Lha berita sedihe opo dok?
Dokter  : Koncomu sarno kae. Senajan wis mbok tulungi pas mlompat kolam, nanging ndek bengi wonge tetep bunuh diri nggantung nang kamare.
Badrun : wah Pak dokter ngajak guyon...Sarno kui ora bunuh diri. Wingi bar njegur kolam, q melaske ndeloki sarno teles kabeh. Nah, terus tak gantung men cepet garing Pak. Ngono critane...
Dokter : &$%!#@+_)*

Related Posts:

Berkunjung Nang Psikolog

Sore iku Badrun menyang gone psikolog arep konsultasi marang psikolog mau tentang perilaku anake sing nakale jan ora patut.

Badrun   : Sore Pak,
Psikolog : Iyo, ono sing iso dibantu Pak? Kok kayane wajahe sampean katon ditekuk ngono? Opo sampean ditagih utang karao kolektor?
Badrun   : Ora Pak
Psikolog : Opo sampean kalah togel meneh?
Badrun   : Ora Pak
Psikolog : Opo bojomu jaluk pegat?
Badrun   : Pak....
Psikolog : Opo korengmu...?
Badrun   : Pak kiro-kiro sampean wis tau di cokot waung rabies? (karo nggereng ngetoke untune sing gusi kabeh)
Psikolog : Opo..? hehehehe, sory Pak..lha wajahe sampean wajah wong susah. Cocok kanggo nyek-nyekan
Badrun   : Pakk....(ndepipis ono pojokan)
Psikolog : hehehe, piye piye Pak. ono opo jan-jane?
Badrun   : Ngene lho Pak psikolog. Anakku umure lagi 9 tahun. tp nakale iku lho wis jan ra ketulungan. Kiro-kiro ono solusi opo ora Pak. men anakku dadi wong sing anteng lan ora nakal meneh.
Psikolog : Lha yen umur 9 tahun nakal yo wajar Pak. Nakale kepriye Pak?
Badrun   : Ngene lho Pak, amargo ulah lan kenakalane nyebabke pembantuku meteng Pak?
Psikolog : Biyuh biyuh...Wah yen iki persoalane bener-bener rumit, aneh tur langka Pak (karo mlintir brengos). Iki butuh penanganan serius Pak. ora iso nak mung setengah-setengah. Coba Bapak critake sing detil, piye kronologine kok anak 9 tahun iso nggawe pembantune sampean meteng?
Badrun   : Wah, pokoke nakale ora patut Pak..wis ora ketulungan..Coba sampean bayangke Pak. Moso kabeh stok kondomku dibolongi nganggo peniti..
Psikolog : Owh ngono to Pak..
Badrun   : iyo Pak,,
Psikolog : Pak, melu q nang gone psikolog Sarno yo
Badrun   : Lha emang nopo Pak?
Psikolog : Rodo anget awakku
saknaliko wong loro mau langsung perikso.........

Related Posts: