Sensus Ternak Wedus

Badrun critane dadi petugas sensus dinas peternakan lurr nang kecamatan Gunung Pati. Wektu iku Badrun ditugaske nyensus ternak wedus nggone Sarno. Wedus-weduse Sarno kudu di data supayane iso dipantau Dinas Peternakan. Monggo disimak Lurr..

Badrun    : Asalamualiakum Pak
Sarno      : (karo angon wedus) Wa'alaikum salam.. Ono opo mas? meh jaluk sumbangan? opo ora reti yen aku lagi angon wedus? aku ora gowo duit..
Badrun    : Pak...
Sarno      : Yen jaluk sumbangan ki nang omah mas, ora nang tengah lapangan koyo ngene..
Badrun    : Pakk (wis rodo mrongos)
Sarno      : Wingi kae kayane uwis tak wenehi sumbangan
Badrun    : Aku ki soko Dinas Peternakan Pakkk...(karo nangis nggerong-nggerong)
Sarno      : Owh, sepurane mas. lha sampeyan ora ngomong awit mau
Badrun    : Aku durung sempet ngomong sampean wis nrocos ngono kok..(karo ngrikiti suket nang lapangan)
Sarno     : Wis wis, ojo nesu ngon to mas. mengko nak baguse ilang
Badrun   : (langsung noto kerah mbi nganggo kocomoto ireng) Tenane aku bagus Pak
Sarno     : Iyo mas Bagus, dibandingke wedus-wedus ku kae
Badrun   : (langsung tibo klekaran)
Sarno     : Ono opo mas kok adoh-adoh mrene
Badrun   : Aku meh data wedus-weduse sampean Pak. Sopo reti sesuk pas Bodho entuk jatah THR (karo ngguyu mrongos)
Sarno     : Tenane mas??
Badrun   : Iyo pak, tapi tukokne dewe (karo ngguyu iblis iso mbales)
Sarno     : Sido opo ora iki mas, selak panas (rodo nesu karo eker-eker kacang atom irenge wedus)
Badrun   : Ok ok Pak,, weduse sampean cacahe ono piro Pak?
sarno      : Sing endi? ireng opo putih?
Badrun   : Sing ireng
Sarno     : Sing ireng ono 50
Badrun   : lha sing putih?
Sarno     : Sing putih yo 50
Badrun   : Lha umure weduse sampean kiro-kiro piro kui Pak?
Sarno     : Sing endi mas? ireng opo putih?
Badrun   : Ireng Pak
Sarno     : sing ireng umure setahun
Badrun   : lha sing putih?
Sarno     : sing seputih yo setahun
Badrun   : (tibo nggeblak nang mburii)
sarno      : Opo meneh mas (karo nyruput kopi)
Badrun   : biyen entuk soko ngendi Pak wedus-weduse?
Sarno     : Sing endi mas? putih po ireng?
Badrun   : (wis mulai nesu ngetoke gingsule sing rangkep pitu) sing ireng pak?
Sarno     : yen sing ireng biyen bantuan soko gone Pak Bupati
Badrun   : Lha sing putih pak?
Sarno     : sing putih yo bantuan soko gone Pak Bupati
Badrun   : (salto memburi ping pitu banjur tangi lengsung nyedaki Sarno karo protes) Kenopo to pak yen tak takoni kudu milih wedsu ireng opo putih (wis rodo nesu karo nyincing lengen klambine)
sarno     : Sabar to mas.. Aku takon sing ireng opo sing putih mergo wedus sing ireng iku nggonaku
Badrun  : (ora sido nesu, banjur mesem nganti ketok gingsule sing rangkep pitu) Owalah, ngono to Pak. Kenopo ora ngomong awit mau. Lha wedus sing putih iku nggone sopo Pak??
Sarno    : Owh, yen sing putih iku yo wedusku mas..
Badrun  : (Badrun langsung ngajuke pensiun dini soko dinas peternakan)

Related Posts:

Mandek Ngrokok

Badrun iki bocah enom sing ora duwe pegawean tetap. Saben dino mung nongkrong udad-udud nang warung kopi ne Sariyem. Wis iso ditebak Lurr yen Badrun mesti ora iso mbayar kopi karo gedang goreng neng warunge Sariyem alias ngutang. Opo meneh Badrun termasuk perokok berat.

Mergo bendino di oyak-oyak kon nyarutang lan mikir ora duwe duit, Badrun mutuske meh mandek ngrokok. Sak naliko Badrun langsung budal menyang dokter Sarno nggo konsultasi. monggo disimak Lurr...

Badrun  : Pak Dokter, tulungi aku Pak...
Sarno    : Ono opo Le??
Badrun  : Aku kecanduan rokok. Aku pengen mandek ngrokok Pak.. Piye carane men iso mandek Pak Dokter??
Sarno    : Wah apik kui Le. Tapi opo tenan koe meh mandek ngrokok?
Badrun  : Temenan Pak... aku wis nyoba macem-macem obat lan cara supayane iso mandek. Tapi angel Pak. Mergo kui aku mrene.
Sarno    : Wah, tek deloki kayane tekad mu wis kuat. Yowis, iki ono metode mandek ngrokok sing bener-bener manjur tapi ekstrim. Opo koe isih pengen nyoba metode iki le??
Badrun   : Opo kui Pak Dokter?
Sarno      : carane ngene, angger koe pengen ngrokok, pucuke rokok dulitno tembelek lencung. Trus ambungen, mesti koe mengko duwe roso jijik lan mesti koe ora bakal sido ngrokok maneh. Balenano metode iki angger koe kepengen ngrokok. Tak jamin mengko koe bakal mandek ngrokok sak lawase..
Badrun    : Nggih Pak Dokter, Suwun.

Badrun banjur bali ngomah lan mrakteke opo sing dikongkon Dokter Sarno.
Singkat wae Lurr.. Selang pirang wulan Badrun banjur bali nang Dokter Sarno.

Sarno     : Opo meneh Le? Koe kan wong sing pengen mandek ngrokok kae
Badrun   : (Rodo nesu karo mrongos ngetoke untune sing gingsul pitu) Metode mu pancen oke Pak Dokter..
Saiki aku wis ora kecanduan ngrokok maneh.
Sarno     : wah apik tenan nak ngono. Pantes saiki iso ngguyu ngono
Badrun   : Sopo sing ngguyu Dok?? Aku nesu iki (malah dadi nangis karo ngrikiti mejone Sarno)
Sarno     : Owh koe nesu to Le, hehehe..cup cup cup. wis ga usah nangis ngono... Lha kenopo kok wis mandek ngrokok malah nesu??
Badrun    : Aku pancen wis ora kecanduan rokok Pak Dokter
Sarno      : teruss?
Badrun    : Aku saiki kecanduan ngisep tembelek lencung Dok.... (hua..hua..hua.. Badrun nangis nggerong-nggerong)

Related Posts:

Jenengan lan Maknane

Sugeng enjang, siang, ndalu Luurr..

Saiki Gula Jawa arep wenehi makna jenengan sing ono nang sekitare dewe. Tanpo sak ngertine mbah-mbahe biyen, jenenge wong sekitare dewe sakbenere duweni makna sing gaul lan ugo keren. Dadi, yen poro sedulur kabeh ono sing arep duwe momongan ora ono salahe di wenehi jenengan nang ngisor iki..
Monggo lurr di simak..

Rosman     : Wong sing pinter nandur kembang
Karman     : Wong sing pinter ndandani mobil
Parman      : Wong sing pinter maen golf
Suratman   : Wong sing pinter nggawe sekabehane macem surat
Suparman  : Wong sing kuat, lan gagah prakoso
Paiman      : WOng sing pinter gawe roti
Saniman    : Wong sing pinter nggambar
Sugiman    : Wong sing sugih
Togiman    : Wong sing seneng mangan cambah
Bisiman     : Wong sok sibuk
Giman       : Wong sing seneng dolanan game
Satiman     : Wong sing pinter gawe sate
Tarsiman    : Wong sing pinter gawe trasi
Sukarman  : Wong sing pinter mecahke masalah
Yusman      : Wong sing pinter gawe jus
Jaiman       : Wong sing isinan
Warman    : Wong sing gaweane perang
Ngateman  : Wong sing pinter mbalang pelem
Yen Ono sing kesinggung piss man............... :)

Related Posts: